Paribasan: Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kias) lan ora ngemu surasa pepindhan.
Adigang adigung adiguna | = | Ngumukake karosane, kasugihane, lan kapinterane. |
Ana adulate ora ana begjane | = | Arep antuk kabegjan nanging wekasane ora sida. |
Ana catur mungkur | = | Lumuh (ora seneng) ngrasani alaning liyan. |
Anak molah bapa kepradhah | = | Wong tuwa nemu rekasa utawa nandhang susah jalaran pokale anak. |
Angon mangsa | = | Golek wektu kang becik utawa golek wektu kang prayoga |
Angon ulat ngumbar tangan | = | Ngulat-ulati limpening liyan awit arep njupuk barang darbeke sing dilimpe mau. |
Becik ketitik ala ketara | = | Tumindak becik apa dene tumindak ala bakal ketara. |
Benceng ceweng | = | Ora gumolong kekarepane. |
Blaba wuda | = | Amarga saka banget lomane, awake dhewe nganti nandhang kekurangan. |
Blaba wuda | = | Amarga saka banget lomane, awake dhewe nganti nandhang kekurangan utawa rekasa uripe jalaran seneng weweh. |
Blilu tau pinter during nglakoni | = | Sanajan bodho sarehne wis tau nglakoni utawa nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong pinter sing durung tau nindakake. |
Blilu tau, pinter during nglakoni | = | Sanajan bodho sarehne wis tau nglakoni utawa nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong pinter sing durung tau nindakake. |
Busuk ketekuk, pinter keblinger | = | Sing bodho ngalami cilaka amarga saka bodhone, sing pinter ngalami cilaka amarga kurang pangati-atine. |
Car-cor kaya kurang janganan | = | Ora bisa nyimpen wadi. |
Cathok gawel | = | Ora diajak rembugan melu-melu. |
Cincing-cincing meksa klebus | = | Ing pangangkah kepengin ngirit nanging malah entek akeh. |
Ciri-wanci lelai ginawa mati | = | Cacad (padatan) ala ora bisa ilang nganti tumekane pati. |
Crah agawe bubrah | = | Cecongkrahan (tukar padu) iku bisa ndadekake bubrahing paseduluran. |
Criwis cawis | = | (diprentah) sajak wegah lan mbantah (madoni), nanging ing batin gelem nglakoni, lan wasanane iya tumindak temenan. |
Dahwen ati open | = | Nacad nilan nanging sanyatane dheweke duwe melik. |
Desa mawa cara, nagara mawa tata | = | Saben panggonan iku mesthi duwe adat lan tatacara dhewe-dhewe. |
Dipalangana mlumpat ditali medhot | = | Puguh kekarepane, ora kena dipenggak dening sapa bae |
Dudu sanak dudu kadang, yen mati milu kelangan | = | Wong liya, nanging yen wong iku nganti nandhang ora kepenak, mesthi dibelani temenan. |
Durung ilang pupuk lempuyange | = | Dipadhakake kaya bocah cilik (kang durung ilang pupuk lempuyange). |
Durung kebak keselak jujul | = | Durung akeh kawruhe wis kepengin pamer. |
Durung pecus keselak besus | = | Durung sembada wis kepengin sing neka-neka, umpamane kepengin omah-omah, lsp. |
Embat-embat celarat | = | Nyambut gawe kanthi ngati-ati banget. |
Entek ngamek kurang golek | = | Anggone ngunek-unekake sakatoge utawa sakepenake dhewe. |
Garang garing | = | Umuk kasugihan nanging sejatine uripe kecingkrangan. |
Gayuh-gayuh luput | = | Samubarang panjangka tansah ora bisa kaleksanan. |
Giri lusi janma tan kena ingina | = | Cacing bae bisa nggremet nganti tekan pucuking gunung, apa maneh manungsa, mula aja padha ngina marang sapadhaning manungsa. |
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh | = | Senajan alon olehe nglakoni, nanging kelakon apa kang dikarepake. |
Golek-golek ketanggor wong luru-luru | = | Mbutuhake barang utawa nembung utang marang liyan, nanging sing ditembungi uga uga mbutuhake barang iku lan uga arep utang. |
Ing madya mangun karsa | = | lamun ana tengah nggugah semangat. |
Ing ngarsa sung tuladha, | = | Yen ana ngarep dadi conto. |
Ing wuri handayani | = | Ing mburi ngawekani (nyembadani) sakabehe. |
Jajah desa milang kori | = | Lelungan tekan ngendi-endi desa, kutha utawa negara kabeh wis tau ditekani (mbasakake wong kang kerep lelungan). |
Jalukan ora wewehan | = | Gelem njaluk ora gelem weweh. |
Jer basuki mawa beya | = | Sakabehe gegayuha iku mbutuhake wragad. |
Junjung ngeblegake | = | Katone ngalembana nanging sanyatane ngeblegake. |
Junjung ngentebake | = | Katone ngalem nanging sanyatane malah ngasorake. |
Kalah cacak menang cacak | = | Samubarang apa bae iku kasil lan orane kudu dicoba dhisik. |
Katula-tula katali | = | Tansah nandhang rekasa uripe. |
Kebat kliwat, gancang pincang | = | Yen olehe nindakake pagawean kanthi kesusu, adate ora kebeneran utawa ora maremake. |
Kendel ngringkel dhadhag ora kodag | = | Ngakune pinter nanging sanyatane bodho. |
Kenes ora ethes | = | Sugih umuk nanging ora bisa mrantasi gawe. |
Kepara-kepere | = | Ora padha pangedume, ana sing kakehan ana sing kesithiken. |
Keplok ora tombok | = | Melu ngrasakake seneng nanging ora melu cucul wragad. |
Kocak tandha lokak | = | Wong sugih umuk iku pratandha yen bodho. |
Kumenthus ora pecus | = | - Rumangsa bisa nanging ora ana asile. - Wong kang umuk nanging ora sembada. |
Kuncung nganti gelung | = | Wiwit isih bocah cilik nganti tumekane diwasa. |
Ladak kecengklak | = | Nemoni kacilakan amarga saka umuke dhewe. |
Lambe satumang kari samerang | = | Ngibarate wong kekeselen guneman, amarga kakehan mituturi nanging kabeh pituture ora digubris. |
Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok | = | Bocah wadon ditari omah-omah kawitane ora gelem, wasanane gelem malah klakon duwe anak. |
Maju tatu mundur ajur | = | Kabeh budidayane ora ana kasile. |
Mbidhung api rowang | = | Jan-jane arep duwe seja ala, nanging api-api arep tetulung. |
Meneng widara uleren | = | Tata lair katon apik batine ala banget. |
Mikul dhuwur mendhem jero | = | Gawe kuncara asmane wong tuwane. |
Mubra-mubru blabur madu | = | Sarwa kecukupan uripe, malah kepara turah bandha donyane. |
nabok | | |
Nambung laku | = | Ethok-ethok ora ngerti. |
Nyolong pethek | = | Meleset pametheke (luput pangirane). |
Obah ngarep kobet ing mburi | = | Pengarep utawa pemimpin iku tindak tanduke lumrahe dienut andhahane. |
Obah ngarep kobet mburi | = | Yen wong sing dadi pengarep (pemimpin) gelem tumindak kanthi temenan, andhahane mesthi padha niru kaya mangkono. |
Ora ana banyu mili mandhuwur | = | - Watak-wantune anak adate kaya watak-wantune wong tuwane. - Tangeh wong mlarat weweh marang wong sugih. |
Ora seguk ora watuk | = | Ora tau gelem sapa aruh (takon) marang liyan. |
Pecruk tunggu bara | = | Wong diumbar ing papan kang kebak kasenengane. |
Pupur sadurunge benjut | = | Jaga-jaga sadurunge nemu alangan. |
Rawe-rawe rantas malang-malang putung | = | Samubarang apa bae kang ngalang-alani lan ngreribedi bakal disirnakake. |
Rukun agawe santosa | = | Saiyek saeka kapti dadi kasantosane bebrayan. |
Sabaya pati sabaya mukti | = | Golong gilig ing sajroning seneng lan susah nganti tumekaning pati. |
Sadumuk bathuk sanyari bumi | = | Padudon prekara emah utawa wong wadon lumrahe dilabuhi nganti tumeka pati. |
Salah kaprah | = | Senajan salah nanging wis lumrah, mula tetep digunakake bae. |
Salah seleh | = | Sing salah bakal kalah. |
Sembur-sembur adas, siram-siram bayem | = | Antuk pamujine wong akeh, muga-muga numusi becik. |
Sepi ing pamrih rame ing gawe | = | Tumandang gawe tanpa duwe melik apa-apa (ora ngarep-arep diopahi). |
Sluman slumun slamet | = | Tansah nemu slamet. |
Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti | = | Sanajan sekti mandraguna naming nglakoni tumindak ala, bakal sirna utawa kalah dening kang tumindak becik. |
Swarga nunut, neraka katut | = | Begja lan cilakane wong wadon (bojo) gumantung marang sisihane (sing lanang). |
Tinggal glanggang colong playu | = | Ngucira ing palagan (mlayu saka paparangan), utawa ora tanggung jawab. |
Tulung menthung | = | Katone nulungi nanging sejatine malah gawe rekasa wong sing ditulungi. |
Tuna satak bathi sanak | = | Tuna sethithik ora dadi apa anggere bisa tambah sadulur. |
Tunggal welat | = | Tunggal bapa biyung |
Tut wuri handayani | = | Tansah aweh semangat, njurungake karep. |
Undhaking pawarta sudane kiriman | = | Kabar iku lumrahe ditambah-tambahi, dene kiriman iku disuda. |
Yitna yuwana lena kena | = | Sing ngati-ati bakal selamet, sing kurang pangati-atine bakal nemu cilaka utawa sangsara. |
Yoga anyongga yogi par | = | Murid nirokake piwulange guru. |
Yuwana mati lena | = | Senajan wis maton uripe nanging yen kurang pangati-atine bakal nemu kasangsaran. |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar